Chapter 1
SERAT SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU
PUPUH I DHANDANGGULA
1. Raras ingkang sêkar dhandhanggêndhis, dénirarsa ngarang kang carita, maspadakkên kayêktèné, jatiné kang sastrayu, yasanira Sang Hyang Pramèst binhi, surasa kang winahya, sing gaib linuhung, parmaning hyang sung sasmita, talêcêring kawruh sandining ngaurip, ning kawruh Surakarta.
2. Yèku sastra jêndra yuning bumi, kang wus umum kagêm pra naréndra, Tanah Jawa salawasé, nanging arang kang wêruh, surasané kang sastra gaib, sastra lungit têgêsnya, landhêp mêmpanipun, mula kang para sarjana, samya limpat lêpasing graita lantip, wruh sêmu lan sasmita.
3. Wruhing wadi lêpasing pambudi, wikan marang sasmitaning suksma, luwih cêthèk graitané, paham marang ing têmbung, nora kéwran ing agal alit, arja rahayu datnya , slamêt têgêsipun, éndra asmaning Hyang Éndra, makna gunung pratandha yèn kawruh inggil, agêmé pra naréndra.
4. Iku wiji saking sastra gaib, lamun wignya wikan kaanannya, yèku wong langgêng uripé, wruh urip ngandhap ruhur, iku kayun ngêtahraèni, sampurna uripira, rampung têgêsipun, bisa ngasalkên rohira, kasar alus bali mring gonira nguni, kalawan kodrating hyang.
5. Kang mangkana wus prakara pasthi, nanging cacaté para pandhita, arang kang mêlok tuduhé, karya sêmang ing kalbu, têmah arang janma udani, mula para jawata, budi yêktènipun, kang sastra jéndra yuningrat, éwadéné pra jawata sami mingit, dadiné kanyataan.
6. Dhawuhira Hyang Jagad Pramèsthi, sing sapa wruh kang sastra harjéndra, têtêp wêruh ing uripé, yèku manungsa luhung, uripira padha narpati, têtêp rahayu ningrat, slamêt ing sakayun, tan kéwran ing nginggil ngandhap, jaba jêro wus kawêngku wong utami, suprandéné sinamar.
7. Lêlakoné nguni sri bupati, Maéspati Sri Arjunasasra-, bau nguni caritané, warangkanya sang prabu, ajêjuluk Suwanda Agni, têgês nunggal sawanda, patih lawan ratu, mula Sri Arjunasasra, wus tan ingasaréh pangolahing nagri, dènsrahkên mring Suwanda.
8. Nadyan nuju siniwèng wadyaji, kyana patih kang lênggah séwaka, wus tan siwah lan ratuné, wadyagung tano wêruh, lamun iku rêkyanapatih, tan wruh yèn sri naréndra, nèng sawangan laut, iku pêrlambang kang nyata, sri naréndra dad maha ruhur kang yêkti, Suwanda dad mutêlak.
9. Sêksi mursit duk Suwanda jurit, kasoring prang lan Prabu Rahwana, Sri Bupati agé – agé, nulya kondur ngêdhatun, mijiling prang Rahwana kêni, binanda wus kasoran, nanging sang aprabu, nuli anututi mukswa, wit tan kêna pisah lan Suwanda patih, kaki iku rasakna.
10. Amangsuli carita ing inggil, wanci dalu gara kasih rinya, Sang Hyang Guru dhawuhaké, mring Hyang Kanéka Sunu, arsa têdhak cangkraméng wukir, pucuking Jamurdipa, arsa buka kawruh, kawruh sêngkêraning déwa, mila sagung jawata kang alul ngèlmi, sami dhèrèk mring arga.
11. Hyang Nurasa kang minangka tindhih, kalihira Bathara Sriyana, tiga Hyang Tikswa karané, Sang Rêsi Kandya catur, gangsal Sang Hyang Janaka rêsi, lan putra kang sakawan, Hyang Éndra tan kantun, myang kang rayi sang Hyang Brahma Sang Hyang Bayu: Hyang Wisnu sakawanèki, kinèn dhèrèk kang rama.
12. Sapraptaning Jamurdipa wukir, samya satata lênggah nèng pucak, Sang Hyang Guru andikané, mring Hyang Kanéka Sunu, hèh ta kakang paran ing kapti, saréhing jênêng para, lawan jênêng ingsun, dadi pandumaning jagad, kabèh janma ngidhêp sira lawan mami, myang sagung sato kéwan.
13. Kabèh mau pracaya ing mami, lahir batin anyebut maring wang, mula kakang ing samangké, ywa kongsi gawé kusut, sadurungé bêcik pinikir, têrang ing sangkan paran, lan jatining kawruh, bédané gusti kawula, dumunungé campuré kawula gusti, hèh kakang babarêna.
14. Kang sipat ji lan kang ji puniki, nadyan mêlok wus sawang – sinawang, nanging paran pratingkahé, ing bèruk dhaupipun, wor ing ngisor kalawan nginggil, kakang iku tan gampang, kêplasing kang luyub, yèn tan titis dadi kéwan, ana uga pacama nuksma mring kirik, pitik iwèn lan mina.
15. Wruhanira kakang karsa mami, kang kinarya wiji sêkar pisang, ing janaloka ênggoné, nèng dhadha dunungipun, bétal mukaram wong Banisrail, yèku wijining janma, kang tan kêna lêbur, dènaraning pancadriya, ingkang dadi paugêraning wong ngurip, uripé ngrêcapada.
16. Aja nganti klèru ing pamanggih, mung kang sipat ji lawan ingkang ji, loro iku kudu gèsèh, lan kang muni ing dhuwur, nanging datan pisah ing bénjing, sipat ji lan ingkang ji, sayêktiné dhaup, langgêng datan kêna owah, nanging misih salawasé anyamati, marang dad mutlak dunya.
17. Pra pandhita padha angarani, dad muntêlak iku sêkar pisang, jêjantung kakang jatiné, déné dad maha ruhur, kang sipat ji winêngku déning, kang urip tanpa jiwa, béda lan jêjantung, sariné mring pancamaya, ingkang bacut lan kang bali dènastiti, aja dupèh wus wikan.
18. Wit kang bacut lawan ingkang bali, tunggal rupa nanging séjé warna, mung alus kasar bédané, kang nèng janalokèku, tunggal giriloka wus pasthi, wit iku marga mulya, kang tan kêna luput, kang ana ing janaloka, kudu nyangkêr kang nèng éndraloka nênggih, yèku bétal mukadas.
19. Bétal mukaram janalokèki, bétal makmur iku giriloka, têtêp triloka arané, yèn wus mêngku tri iku, mung ngawasna kang urip suci, mlinjung têngah bawana, ingkang thênguk – thênguk, kang tan lanang tan wanita, yêkti langgêng urip tan kêna ing pati, tan ana kara – kara.
20. Hèh ta kakang karsa ingsun mangkin, rèhning kabèh para yoganing wang, duwé tékat dhéwé – dhéwé, mrih bisa nunggal kawruh, lan pratitis nyatané sami, payo sira badhéya, ing patakon ingsun, sadurungé ana cahya, misih awang uwung jagad durung dadi, ana swara kapyarsa.
21. Kaya gêntha kêkêlèng dumêling, lah ta sapa iku kang nyuwara, lan sapa kang ngrungu kuwé, lan sapa kang asung wruh, lan kang ngingsêp angrasa sami, apa ingkang mangkana, tan ingaran iku, padha mangéran kumandhang, nadyan mangran kumandhang ana kang kardi, mara sira babarna.
22. Kayêkténé kang kadya punapi, lah wêdharna kakang babar pisan, ywa kongsi klèru ancasé, Sang Hyang Kanéka Sunu, duk miyarsa gêtêring galih, déné kinèn ambuka, sajatining kawruh, mangka yèn kongsi kawêdhar, nadyan kéwan yèku ngutuk nugrahadi, ruwat cintrakanira.
23. Hyang Nurada aturira aris, dhuh pukulun sang musthikèng jagad, ulun drêmi mêdharaké, gaib dad maha ruhur, ingkang langgêng tan owah gingsir, pojaré guru kula, risang maha wiku, raja pandhita malangkah, mangsiduni paparab Sang kardan sidik, makatên dhawuhira.
24. Kawruhana sasmita kang yêkti, witing ana iku saka ora, nanging ana kaanané, anané tanpa wujud, wujudira ingkang nganani, yêktiné ora ana, anané ngêndhanu, anglimputi sabuwana, kongsi sirna déné suwara puniki, ulihna kang akarya.
25. Ngawruhana bongkot pucuknèki, dadi wêruh marang kang nyuwara, yèku ing ngêning dunungé, nêng ning ingkang wus kasub, ing buwana ingaran gaib, liring gaib pan samar, panguwasanipun, déné ana ing pangéran, iku pasthi anèng pangira kang êning, mula dadi prêlambang.
26. Duk nalika awang – awang nguni, uwung – uwung wus ana suwara, kapiyarsa kaya déné, gêntha kêkêlèng iku, mungguh awang – uwung puniki, ngadam makdum yêktinya, batin lugonipun, dumênglinging gêntha munya, witing krungu sajatiné saka osik, witing osik punika.
27. Sing karêntêg witing krêntêg singgih, saking têtêg witing têtêg nyata, saking santosa wijilé, santosa asalipun, saking êning ênêng puniki, sing êning asalira, mula bukanipun, yèku kajatèning karsa, kang ingaran kontha sipat kang sajati, iya jatining sipat.
28. Kuwasané nèng dunya kang kèksi, wiwarané sumaruwung ana, ubalé pancadriyané, pangucap marganipun, saking lésan pangisêp nênggih, margané saking grana, pamyarsa dumunung, nèng karna paningal ika, anèng nétra déné pangrasa kang yêkti, manggon pantoging karsa.
29. Pramulané dèn arani sami, ora rupa miwah datan warna, marga rupa sipat kabèh, tan arah tan wismèku, ning nglimputi isining bumi, kabèh panggonan umad, kosok balikipun, ênggon marga rupa sipat, kabèh iki sing warna rupanirèki, tan prênah tan sasana.
30. Ėnggonira ingkang dèn ênggoni, ya mulané isbating pangéran, tan tutuk grana karnané, anétra têgêsipun, yèn ngandika ngagêm sirèki, gonda tuwin miyarsa, ya ngagêm sirèku, apa manèh yèn tumingal, pasthi ngagêm marang nétranta sajati, wruh liring rupa warna.
31. Pangrasanya ya nyilih sirèki, kang kinarya angrasa dikarsa, dadi ésik sajatiné, dhuh sampun adhi Guru, kados sampun nyêkapi yêkti, kanggé ing putra wayah, bêtuwah ing pungkur, nadyan gèsèh patrapira, nêring cipta campuring kawula gusti, yêkti tan sagêd onya.
32. Mung nêng êning awas sarta éling, yèn wus katon kang macu cahyanya, jumênêng anèng ngarsané, yèku dad maha ruhur, gêsang langgêng tanpa piranti, mlinjung têngah bawana, prabawané kumyus, mancuring cahya akarya, kumêsaring cipta wit kapadhaning sih, clorot paran pinaran.
33. Yèku campuring kawula gusti, wus kêtogan kawruh Buda Islam, mung punika gayuhané, kang sipat ji puniku, pan ngêdhaton kang bangal singgih, iku jatiné pangran, kang asung pituduh, waskitha ing sangkan paran, langsung nikmat mupangat ing awal akir, yèku Allah nonoman.
PUPUH II SINOM
1. Têlas aturé Hyang Nrada, Sang Hyang Guru sukèng galih, panggêlaré Hyang Nurada, mêlok tanpa aling – aling, wosing jiwangga kèksi, pra jawata sukèng kalbu, déné wruh urip mulya, kang langgêng tan kêna gingsir, luwih mulya uripé datanpa jiwa.
2. Hyang Giri Nata ngandika, hèh kakang Kanéka Siwi, bangêt panarimaning wang, nanging mêngko karsa mami, kabèh kang para rêsi, padha darbéa pamangguh, padha anambahana, utamané kawruh iki, apa manèh lamun ana kang sulaya.
3. Ywa éwuh amajahana, mrih bisa jumbuh kang ngèlmi, bésuk dadiya bêtuwah, anak putu ingkang kèri, Hyang Nurada lon angling, hèh Sriyana sira kudu, nocokên kawruhira, ing tékat mrih bisa sami, nêmbah maturi Sang Bathara Sriyana.
4. Yèku Sang Hyang Panyarikan, dhuh pukulun Hyang Pramèsthi, kawruhipun Hyang Nurada, punika sampun prayogi, cocog lan kawruh mami, kados sampun botên luput, mênggah pamanggih amba, wujuding pangéran gusti, ulun ringkês kantha warna ganda rahsa.
5. Catur martabat punika, kantha têgêsipun nênggih, jênggêrêng wujud kang samar, warna têgêsipun singgih, tulisan kang kinardi, warana ananing wujud, wujud ingkang sanyata, ganda dèn têgêsi nênggih, pan puniku rahsaning pangambonira.
6. Déné pangrasa punika, antara sajroning osik, mung krasa ngêdalkên rêmbag, kang tan mêdal manah suci, kosok wangsulé malih, purwaning jagad puniku, lan wasananing jagad, riningkês kalih prakawis, thok thêlipun mung gusti lawan kawula.
7. Lan alus kalawan kasar, lêmbut wadhag urip mati, rina wêngi sapadhanya, wujud kêmbar iku pasthi, têtêp liling – liniling, wit wujud janggêlêga iku, sing janggêrêng gasalnya, janji wujud sami prapti, yèn kawula wus pracaya nut ing karsa.
8. Sayêkti wus datan cidra, lir Krêsna lan Wisnu Murti, lir sato lawan rimbagan, kèndêl Sriyana turnèki, suka Sang Hyang Pramèsthi, déné tan gèsèh turipun, Nurada lan Sriyana, nulya Hyang Takswaka aglis, nêmbah matur anggêlarkên kawruhira.
9. Dhuh pukulun yèn kawula, mênggah pangéran kang yêkti, mung saking pangèsthi amba, kang sampun ulun sungkêmi, tandhaning pangyasèki, wontên panyiptaning kalbu, waton ambêg sucipta, sagêd ning yêkti pinanggih, kang sinêdya botên lêpat pasthi nyata.
10. Mila parluning kawula, kêdah gulangên nêng êning, mirit ibarat Arjuna, lir banyu jun pamanèki, janji tan kungkah – kungkih, yêkti mênêp toyanipun, pasthi nyarong katingal, nyirnakkên onênging galih, yèn tan mawa onêng yêkti wus sawarna.
11. Langgêng ing salawasira, nèng balé baka swargadi, roh kasar wus kasarira, wus nunggal ing rahsa jati, tan kéwran ing pangèksi, osik pangandika jumbuh, yèku tétép pangéran, kèndêl aturé Sang rêsi, Sang Hyang Guru langkung sukaning wardaya.
12. Tan béda ancasing karsa, mung trap – patrap datan sami, dawa têrang cêndhak pêpak, gantya Hyang Janaka rêsi, matur ing Hyang Pramèsthi, dhuh pukulun lamun ulun, manungsa lan jawata, tan béda praptaning pati, kang ingaran pangéran pan amung gêsang.
13. Wit obah mosiking cipta, murba masésa sayêkti, marang jagadé priyangga, mrana yèn koncatan pasthi, osik sayêkti mati, patiné yêkti sumusup, manjing dhatêng ing gêsang, kang langgêng salawasnèki, mung punika pantogé kawruh kawula.
14. Suka Hyang Jagad Pratingkah, Hyang Rêsi Kanwa nambungi, angaturkên kawruhira, dhuh pukulun Hyang Pramèsthi, tékat kawula naming, wontên isênên pukulun, inggih sênêning cahya, déné sagunging dumadi, lamun ical sênênipun yêkti pêjah.
15. Mênggah pêjahing manungsa, pasthi nusup gêsang malih, mulya ing salaminira, mung punika kawruh mami, kèndêl turé sang rêsi, Hyang Guru suka ing kalbu, déné sadaya sama, kawruhé kang para rêsi, cocog lawan kawruhé Rêsi Nurada.
16. Tan paé Hyang Girinata, cipta sasmitané sami, wijining adadi ika, kang dhingin amung sawiji, yèku têlênging janmi, minangka kraton hyang agung, hyang suksma maha mulya, hyang manon hyang maha suci, Hyang Pramèsthi mangkana andikanira.
17. Hèh kulup Éndra lan Brahma, Bayu Wisnu dipun aglis, kapriyé panêmunira, payo gêlarên dèn aglis, mrih tunggal éka kapti, Hyang Éndra sigra umatur, mêdharkên kawruhira, mênggah sajatosing urip, yèn kawula mung dumunung nèng pangéran.
18. Kang sumusup ing buwana, kabèh nyawa ning sêkalir, kang dumêlah anèng jagad, tan liya dayaning siti, yèku ran maha suksci, wignya nyampurnakkên wujud, barang dèn pêndhêm sirna, miwah thêthukulan sami, tan lyan saking kamurahaning bantala.
19. Wisma miwah sandhang pangan, tan lyan sing bantala sami, yèku kang murah ing dunya, ngingoni sagung kumêlip, nadyan praptaning pati, dèn kêmuli bumi iku, mula ran sih ngakérat, kabèh wadhag saking siti, pêdhês asin sêdhêp sari – sari samya.
20. Gumêlar anèng bantala, sampurnané anèng bumi, mung punika kawruh amba, kèndêl Hyang Éndra turnèki, suka Sang Hyang Pramèsthi, dènya myarsakakên atur, anulya Sang Hyang Brahma, nêmbah ngaturkên pamanggih, dhuh pukulun yèn kawula mung dahana.
21. Dahana langkung kuwasa, sagêd anglêbur sakalir, kabèh brastha ing dahana, tur linggih sagêd gêsangi, ngratêngi barang kalir, agêng pitulunganipun, kang kêkêl sagêd akas, lan dados uwiting osik, nadyan pêtêng padhangé saking dahana.
22. Lan kang kocap jitabsara, jagad sadèrèngé dadi, awang – uwung durung ana, mung dahana kang kaèksi, nèng alam sonya ruri, mung cahya ingkang kadulu, tondha lamun dahana, punika sêpuh pribadi, sang Hyang Brahma nêmbah kèndêl aturira.
23. Suka Hyang Guru miyarsa, Bathara Bayu wotsari, angaturkên kawruhira, mênggah sajatining urip, sayêkti namung angin, inganggêp pangéran agung, sadaya janma gêsang, uripé kalawan angin, nadyan kéwan pitik iwèn nganggo napas.
24. Nadyan kabèh thêthukulan, uripé kalawan angin, lamun angin datan ana, yêkti kabèh iki mati, kakayon agêng alit, yêkti gogrog êronipun, apês purêt godhongnya, déné grananing sujanmi, mapan bangkit panas adhêm saking napas.
25. Rasa pangrasa punika, panariking saking angin, dalah sumusuping suksma, yêkti mring sarining angin, mring ancang–ancang sami, tumlawung ing awang wangsul, isêp ing ngisêp samya, dènanggo urip sabumi, nêmbah mundur Hyang Bayu têlas turira.
26. Suka Hyang Jagad Pratingkah, myarsa turé putra kalih, kalihe malêbu rahsa, rahsa wijining adadi, Bathara Wisnu aglis, nêmbah ing Bathara Guru, pukulun yèn kawula, mênggah sajatining urip, datan wontên kajawiné namung toya.
27. Wit toya gêsang priyangga, boya wontên kang gêsangi, suprandéné pan kuwasa, gêsangi urip sabumi, myang kabèh kang kumêlip, sadaya gêsang sing banyu, garinting kalamênta, gêsangipun saking warih, ingkang sipat jiwa wiji saking toya.
28. Mani madi darah êrah, tan lyan toya ingkang dadi, dalah wujud kasênênan, suksci inggih saking warih, langgêng tan owah gingsir, dèn cidhuk nora marêngguk, pulih sami sakala, déné najis badhêg kêcing, sagêd sirna suksci sing dayaning tirta.
29. Nadyan pêjah lamun mulya, yêkti pulih dados warih, pramila cara kawula, yèn pêjah linarung kali, mrih mulih ênêng êning, sumusuping cahya agung, cahya pan inggih toya, mung punika kawruh mami, nêmbah mundur Hyang Wisnu kèndêl turira.
30. Sukéng tyas Hyang Jagad Nata, myang rêsi Kanéka Siwi, déné turé putra kapat, lan rêsi lima wus sami, dadya praboting ngèlmi, baya takdiring Hyang Agung, para jawata sanga, panêmuné dadi siji, turé putra sakawan dadi martabat.
31. Yèku sir patang prakara, lêmah gêni angin warih, déné turé rêsi lima, dadi mudah panca warni, wadhahing maha suksci, Nurahsa roh budi napsu, yèku kang nawa prana, dadya kêdhatoning widdhi, cangkramané kang mlinjung têngah bawana.
32. Samana Hyang Giri Nata, kondur angayangan sami, pra jawata wus bubaran, kunêng kang winarna malih, nuju dina sawiji, wauta Bathara Guru, têdhak marang kaéndran, paring sasmita mring siwi, hèh yogèngsun sira kulup sumurupa.
33. Rèhning sira yoganing wang, kabênêr tuwa pribadi, tur ngong paringi kuwasa, nèng kaéndran angratoni, sagunging widadari, miwah pra jawata sagung, kabèh kawêngku sira, ping pindhoné ingsun nguni, wus dènsrahi Hyang Tunggal Asmaradana.
PUPUH III ASMARADANA
1. Duk nguni sun arsa uning, warnanira Sang Hyang Tunggal, jêbul mangkana dhawuhé, hèh Guru yèn sira arsa, wêruh ing warnaning wang, ora susah putraningsun, wus nyamadi sabawana.
2. Ya warnanta iya mami, iya ika iya ingwang, kabèh iku padha baé, ing sandi kudu waskitha, mula mêngko ragèngwang, nglastarèkkên mring sirèku, mara kulup tampanana.
3. Kabèh ing pangyasa mami, padha kasraha ing sira, miwah jênêngira anggèr, amirita asmaningwang, ingsun ran Girinata, sira Éndra nata kulup, sira ya antaraningwang.
4. Ya sun antaranirèki, lir sato munggèng rimbagan, ananira ananingngong, ana ingsun ananira, ana sih kamurahan, tumitahing sira kulup, sun paring cipta sasmita.
5. Tarbukanên dipun aglis, kalawan ilaming driya, ulirên budimu anggèr, kèhé mung limang prakara, wiwitaning manungsa, ambêking surya puniku, pindho ambêking bantala.
6. Kaping tri ambêking angin, ping pat ambêking samodra, ping lima langit ambêké, hèh babo dipun énggala, gêlarên kaanannya, aja was sumêlang kulup, ya sagaduging tyasira.
7. Bathara Éndra wotsari, jawab sualé kang rama, pukulun pamanggihingong, nênggih ingkang panca warna, punika sajatosnya, kêplasing sêmu pukulun, makatên ing warnènira.
8. Nanging ibaraté nênggih, wong mêrang tanpa landhêsan, mung saking pangintên baé, milamba nyuwun aksama, kalilana narbuka, ambêking surya puniku, kajênging among sanyata.
9. Wontênipun surya singgih, tansah prayitna waskitha, dènya ngulat – ulataké, dhumatêng isining jagad, mila inggih warata, nyoroti sajagad cukup, kang samar pêtêng katingal.
10. Wignya gêsangi sakalir, ingkang kêkêl – kêkêl bêncar, bongsa lêmês kiyat kabèh, langgêng adil salawasnya, tan kandhêg sambikala, sabên jam nêm nunggang gunung, ora lincat ing sêmaya.
11. Lênggah nèng têmêning Widhi, dunungipun nèng pramana, mila awas salawasé, tan sama isining jagad, pindho ambêking kisma, kamot momot sabar maklum, kêrat asih dunya murah.
12. Kabèh urip sining bumi, kang sinandhang lan pinangan, sing bumi kamurahané, déné asih ing akérat, ngêmuli kèhing jaman, dènbuwangi tai uyuh, walêsé wèh sandhang pangan.
13. Mila suci ambêknèki, dumunung rêrêming rasa, têmah ayêm nora rongèh, ping tri ambêking maruta, uga waskitha jêmbar, waskitha sabarang kayun, nora kêna ginorohan.
14. Sanadyan kang rêmpit sungil, mêsthi kambah ing maruta, injên – injên pakaryané, akarya sêgêring angga, nèng éling lênggahira, nèng pangrasa dunungipun, tan lali salaminira.
15. Catur ambêking jaladri, mêngku kamot tadhah karsa, datan nyulayani raos, pahit gêtir kêcing sêngak, tan ana kang tinulak, yèku sabar lênggahipun, anèng budi dunungira.
16. Nora srèi nora jail, lima ambêking akasa, mung marma ing salawasé, anglimputi sabawana, cukup pamêngkunira, bapa kuwasa puniku, punika ambêk santosa.
17. Nèng pangandêl dunungnèki, datan watak kagimiran, kèndêl Hyang Éndra aturé, Hyang Guru kalangkung suka, jroning tyas ngalêmbana, déné wus wignya anyakup, mring jatining panca warna.
18. Bathara Guru lingnyaris, bangêt panarimaning wang, kabèh aturira anggèr, déné cocog kaanannya, samêngko tampanana, ana manèh sual ingsun, yèku catur purwa wanda.
19. Mara tarbukanên malih, ing sawiji – wijinira, kaya paran kaanané, têtês titis putus tatas, ingsun arsa uninga, Bathara Éndra wotsantun, pukulun pamanggih amba.
20. Têtês gadhah raos yêkti, têgêsé sampun kababar, wus sampurna lampahané, rampung campur tunggil rahsa, woring gusti kawula, aliru papan tan klèru, aliru datanpa samar.
21. Lir surya lan sorotnèki, myang sato munggèng rimbagan, têtêp nguni pasêmoné, kang mlinjung têngah bawana, wus tunggal Hyang Sètmata, wus nunggal dadi sawujud, lan kang urip tanpa jiwa.
22. Titis têgêsipun singgih, mêlêng alingga bathara, angênani sajatiné, sanyata wus badan suksma, têtêp anèng suwarga, wus nunggal sarasanipun, ananging séjé pangrasa.
23. Tatas têgêsé puniki, têrus pêdhot artènira, nêrusi manênging batos, jatiné wus tanpa rêmbag, nyirnakkên sêsêbutan, kang sawang – sinawang iku, wus campur dadi satunggal.
24. Déné putus têgêsnèki, wus rampung saliring karya, wus tan ana rêmbug manèh, wus tan ana kang katingal, sirna kabèh gagasan, wus kêna ingaran cukup, ora luwih datan kurang.
25. Mung nêng êning rina wêngi, nèng ngarsanira ki gêsang, nikmat baé salawasé, têlas aturé Hyang Éndra, Hyang Guru sukèng driya, myang Rêsi Kanéka Sunu, gumujêng agandhèng asta.
PUPUH IV KINANTHI
1. langkung sukanirèng kalbu, kanglingyé dènya miyarsi, déné tan ana kang lêpat, wijangé sawiji – wiji, nastiti mêlok tan siwah, kang nyawang lan kang ningali.
2. Hyang Girinata lingnyarum, mring Bathara Éndra malih, hèh kaki iku kawruha, bésuk iku bakal dadi, bêtuwah ing Tanah Jawa, agêmé para narpati.
3. Miwah sagung para nujum, pasthi ngidhêp kawruh iki, sing sapa wruh jatinira, surasa kang dèn rasani, ênggoning rahsa kang nyata, iku manungsa linuwih.
4. Pasthi wruh ing uripipun, sarta wruh ingkang nguripi, têtêping manungsanira, kudu ngawruhi kang mungging, tabangalan ngarsanira, kang sawang–sinawang kalih.
5. Ėlok samar wujudipun, tan jalu datan pawèstri, dudu wandu nora arah, tan manggon uripé suci, mlinjung têngah bawana, tanpa jiwa uripnèki.
6. Wus tan paé lawan ingsun, têtêp manungsa sajati, kosok bali kang tan wikan, marang pangéranirèki, uripé tan paé kéwan, tan bisa amor lan janmi.
7. Mula sira putraningsun, dadiya wawakil mami, ngong wênangkên ngukum ganjar, marang sagunging kumêlip, nanging kaki kawruhana, sanadyan sira wus luwih.
8. Masésa sakèhing ratu, ing tanah sabrang lan Jawi, kang kungkulan ing akasa, kang kasangga ing pratiwi, kabèh kawêngku ing sira, nanging élinga nak mami.
9. Babon ingkang para ratu, nurbuwat wahyuning aji, kawêngku Wisnu Bathara, prajurit lanang ing bumi, musthikaning jagad raya, Bathara Wisnu linuwih.
10. Nadyan Suralaya kulup, yèn tininggal Wisnu mamring, tan ana prajuritira, mung Wisnu prajurit luwih, mula sira nadyan tuwa, jaluka kawruhirèki.
11. Aja pakéwuh nak ingsun, wêruha mring wahyu jati, jatining nugraha tama, Si Wisnu nguni wus dadi, muridé raja pandhita, jêjuluk Sri Ngusman Aji.
12. Iku pandhita pinunjul, lêlanasing Banisrail, dèn titisi Hyang Nur Cahya, mula sira aja sisip, angalapa kawruhira, Si Wisnu ingkang antuk sih.
13. Hyang Éndra putêk ing kalbu, wasana turira aris, kawula inggih sandika, pruwita kadang taruni, kirang pakèwêt punapa, éwa samantên déwaji.
14. Nadyan kuwalik pukulun, nanging anglampahi wajib, istiyar rahayuningrat, nanging yèn kaparêng singgih, pun adhi kadhawuhana, pinanggih nèng wisma mami.
15. Hyang Guru mèngsêm lingnyarum, luwih gampang iku kaki, nanging sira sumurupa, kuwasamu amung lair, Si Wisnu antuk nugraha, pangnyasané lair batin.
16. Bathara Éndra tumungkul, sang Hyang Guru gya nimbali, Bathara Wisnu wus prapta, wotsêkar lênggah ing ngarsi, jajar lan Bathara Éndra, Hyang Girinata nabda ris.
17. Hèh yoganingsun ki Wisnu, sira srasèhana ngèlmi, lan kakangira si Éndra, mrih golongé kawruh Jawi, lan sualé kakangira, tarbukanên dipun aglis.
18. Wiritna kang kongsi urut, jêr sira nguni kêmurid, marang sang raja pandhita, Ngusman Aji Banisrail, panuksmané Hyang Nur Cahya, yêkti sira wus mumpuni.