Todsünden

Chapter 2

Chapter 23,012 wordsPublic domain

19. Sakathahing kawruh putus, wruh marang sandining gaib, martabat jêro lan jaba, sangkan paraning dumadi, panjêr uriping manungsa, kang langgêng ing awal akir.

20. Kang aran nyawa satuhu, kang ngêdhaton cupu manik, paran ing bénjang campurnya, iku patrapna kang yêkti, Bathara Wisnu tur sêmbah, pukulun kalamun mami.

21. Panca purwanda puniku, yèn saking pamanggih mami, tan paé lan panca cahya, déné têrangé kang yêkti, ambêking surya punika, dunungé paningal yêkti.

22. Déné ta pangwasanipun, waskitha sabarang kardi, sagêd wuninga ing pajar, suwung aranira singgih, yèn dalu padhangé sirna, sumusup pêpêtêng sami.

23. Mila ngagêsang puniku, yèn wus mêlèk pasthi guling, déné bumi ambêkira, dumunungé anèng daging, pangwasané datan siwah, murah dunya sih ing akhir.

24. Anganakkên wulu rambut, utawi sarining wiji, sadaya sami ngalêmpak, déné ta ambêking angin, dumunung wontên ing napas, panguwasanipun sami.

25. Lan angin satuhunipun, pan dadi sarining urip, lawan têtalining gêsang, dédé kang amaha suci, déné ambêking samodra, dumunung ing rahsa yêkti.

26. Kuwasa wèh rahsa agung, miraos pêdhês lan asin, wignya ngiyêmkên sarira, rah warata angêbêki, ngagêsang sajatinira, uripé kungkum nèng warih.

27. Gantya langit ambêkipun, dumunung ing jasat yêkti, kaananing badan wadhag, raga sajabaning kulit, déné kanyataanira, kandhanging jagad pribadi.

28. Luguning langit puniku, kakandhang ing jagad jawi, déné kang catur purwanda, punika sayêkti sami, kalawan kang catur cahya, makatên dunungé nênggih.

29. Têtêp nyata têgêsipun, nèng cahya dunungirèki, maligéning gêsang kita, wignya babarakên sami, byar katon sami sakala, titis têgêsé sayêkti.

30. Nèng lésan ing dunungipun, mula pangucap puniki, kudu tètèh tan kênoncat, yèn oncat tumiba nisthip, tatas têgêsé punika, pamirêng dunungirèki.

31. Anganglongakên pangrungu, kudu trus saraosnèki, putus têgêsé paningal, déné wruh sawiji – wiji, ala bêcik kudu wikan, punika watoning adil.

32. Makatên suraosipun, kang panca purwanda yêkti, sami lan catur purwanda, ing mangké ulun mêwahi, ngaturi sual minangka, jangkêping sêdya sayêkti.

33. Makatên ing têmbungipun, duk anèng sutamayèki, wontên têmbung catur warna, wingit singit sirung nênggih, jatmika sakawanira, lah punika kados pundi.

34. Bathara Éndra lingnyarum, dhuh yayi panêmu mami, baya mangkéné têgêsnya, wingit iku tan kaèksi, alingan mawa warana, tan gampang dinugèng ati.

35. Arang kang bisa anuju, kajaba janma linuwih, kang limpat tuk wahyuning hyang, déné singit nunggil kapti, padha tan kêna dinuga, tan katon gêlaring budi.

36. Awit sêpi ing panuju, ing karsa têmah mêdéni, sirung rungkut têgêsira, kumukusé napsu nênggih, akarya ribêting lampah, pêtêng têmah anyamari.

37. Nuwuhkên mirising kalbu, déné jatmika puniki, ênêng êning têgêsira, nora rongèh têtêg wani, yèn sinawang karya uwas, wasana ngrêsêpkên ati.

38. Patang prakara puniku, agêming para narpati, tan sabên janma uninga, Hyang Wisnu umatur malih, lêrês kang patang prakara, agêming para narpati.

39. Nanging mung lair pukulun, batinipun kados pundi, sagêdipun botên sêmang, mrih pitados lair batin, Hyang Éndra èmêng ing driya, wasana ngandika aris.

40. Yayi apuranta iku, pun kakang durung mrangguli, mêloké kang catur warna, mula babar pisan yayi, dumukên kênyatanira, liring dunungan puniki.

41. Supaya ngong mèlu wêruh, saking brêkahira yayi, Hyang Wisnu matur prasaja, wijining dunungan nênggih, wijangipun pan mangkana, wingit têgêsipun yêkti.

42. Guwaya ingkang tan sirung, têgês guwaya puniki, inggih sawarnining cahya, singit punika prihatin, myang napsu sajatinira, warnining urup sayêkti.

43. Sirung makatên liripun, jêjêring janggêrêng nênggih, janggêrêng awarni kantha, déné jatmika puniki, jinêm ing sajatinira, jinêm punika pamanggih.

44. Pamanggih thukuling sêmu, dadosé tan mindho kardi, nanging kajawi punika, wontên martabat kang luwih, pan inggih kawan prakara, aranipun lir puniki.

45. Liyêp ing sajatinipun, sampurnaning rah ing bénjing, yêkti sami dados cahya, layap punika ing bénjing, daging ugi dados cahya, lan luyut punika bénjing.

46. Sampurnaning balung sungsum, nanging yêktiné ing bénjing, inggih sami dados cahya, déné ta lêngit puniki, sampurnaning kulit kita, ugi dados cahya bénjing.

47. Makatên katranganipun, kulit sayêkti yèn dadi, cahya cêmêng déné êrah, bénjing dados cahya abrit, déné daging dados cahya, kang warna kuning dumêling.

48. Sampurnané ingkang balung, dados cahya pêthak pasthi, cahya ingkang catur warna, punika sumrawung nênggih, ingkang dados pancadriya, lajêng sumusup ing bénjing.

49. Mring pancamaya satuhu, cahya wau nulya dadi, urub siji astha warna, nulya dadi pancawarni, lajêng dados cahya muncar, mancur nuntên dados malih.

50. Cahya mancorong kadulu, nuntên dados cahya wêning, tan dangu gya dados cahya, gumilang – gilang kaèksi, gumilang tanpa wayangan, ing ngriku wontên kaèksi.

51. Hèh gumêbyar kadi daru, myang mèmpêr kang kilat thathit, ngasorkên sakèhing cahya, cahya sirna sadayèki, nunggil dhatêng hèb sadaya, campuring kawula gusti.

52. Wus tan was sumêlang kalbu, tan nilar bathang ing bénjing, balung daging kulit êrah, wus sirna dadi sawiji, mulih marang hèb sadaya, mung maligi ingkang kèri.

53. Jantung sapanunggalipun, iku kabèh padha nitis, dadi wijining manungsa, bola – bali nuskmèng janmi, yèku sajati kang aran, amoring kawula gusti.

54. Têlas Hyang Wisnu turipun, Hyang Éndra suka tan sipi, myarsa kang rayi turira, wasana ngandika aris, hèh yayi paran yêktinya, jinising alus kang yêkti.

55. Ngrêrisik wadhag puniku, paran antêpira yayi, nyata tan kabalisura, Hyang Wisnu turira aris, kados botên yèn wangsula, margi wus kodrating Widhi.

56. Witing wadhag saking alus, mirit ujar kang sayêkti, kang wus dadi cap – ucapan, ananing sir catur warni, bumi gêni angin toya, pan punika urut saking.

57. Alam wadhag asalipun, sumusup mring alus yêkti, makatên wêdharing kantha, mênggah lêngipun kang bumi, dados wujud badan kita, gêni napsu déné angin.

58. Napas kadadiyanipun, banyu dadi rahsa yêkti, punika dados pratandha, gêsang ing dunya puniki, alus angwontênkên wadhag, saking toya ingkang kriyin.

59. Kaananing rahsa tuhu, rahsa têgêsé kang yêkti, krasa sarèh ing ngagêsang, krêntêg anganakkên singgih, napsu dénapsu punika, ngwontênakên napas singgih.

60. Napas anganakkên iku, raganing manungsa yêkti, mila kamulyaning badan, punika kang kalong dhingin, lajêng napas inGkang suda, lajêng rah suda nututi.

61. Nulya rêrêm nêpsunipun, anulya ngracut kang jisim, ngukut praptaning kasidan, nanging kang tanduk pratitis, pangangkah sarta pangarah, sampun ngantos pindho kardi.

62. Nanging yèn pamanggih ulun, sadaya kawruh puniki, sagêdipun kalêksanan, kanyataan ing pangèsthi, mung kanthi wani lan tatag, ring batin gêlêm nglakoni.

63. Yèn sampun sagêd anggayuh, mantêp têtêg kêndêl wani, nyirnakkên sênêning driya, mung nyiptaa kang dèn apti, kados punika wus cêkap, ringkêsaning kawruh jawi.

64. Mênggah gatining kang ngèlmu, punika sampun nyêkapi, déné kang rungsit punika, êmpan papaning pambudi, patrap lan trap pancèn gawat, arang kang sagêd kawijil.

PUPUH V M I J I L

1. Sang Hyang Éndra wau duk miyarsi, kalangkung cumêmplong, kaananing martabat dunungé, wignya têrang ing sawiji – wiji, sandining Hyang Widhi, myang sandining kawruh.

2. Lagya éca wawan sabda kalih, kasaru kang rawoh, Hyang Pramèsthi alon andikané, hèh yogèngsun paran kang pinanggih, gonmu gunêm kawis, putra kalih dhêku.

3. Sang Hyang Wisnu tumungkul èsmu jrih, Hyang Éndra turnyalon, dhuh pukulun putranta yêktiné, yayi Wisnu pinunjul ing bumi, bawana tan kalih, mung Bathara Wisnu.

4. Pan sadaya sandining kang ngèlmi, sadaya pan mêlok, cipta sasmita kawêngku kabèh, étrap – patrap mêmpaning pangèsthi, wus tan madal sumbi, ing kayêktènipun.

5. Wontên malih pamanggih linuwih, kawula pan kasor, botên nyimpang ing sangkan parané, kabèh kawruh mawi tandha sêksi, pra jawata sami, sor lan yayi Wisnu.

6. Putra tuwan tuk nugraha jati, kawruhé kinaot, mèngsêm nabda Hyang Guru angawé, mring Hyang Wisnu sowan manganjali, hèh Wisnu sirèki, wus pinasthi lamun.

7. Pan rumêksayu isining bumi, sagung para katong, kang mbêk murka sirna déning kowé, nadyan para jawata ing bénjing, sira kang nulungi, yèn nêmu pakéwuh.

8. Lan samêngko sumurupa sami, karo putraning ngong, ananira ana ingsun kiyé, mula sira sisiliha nami, ingkang nunggal kapti, lan sêbutanipun.

9. Ingsun asma Sang Hyang Sidha Jati, marga jênêng ingong, kang ingaran kaanan jatiné, déné sira sisiliha nami, Hyang Supadya Jati, wit sira wus mêngku.

10. Mring jatining pangupaya yêkti, si Wisnu naking ngong, jêjuluka Narayana mangké, marga sira wus lêpas ing budi, tan samar sarèhing, putra kalih nuwun.

11. Wusnya dhawuh wau Hyang Pramèsthi, gya mukswa tan katon, pra jawata gya bubaran kabèh, Sang Hyang Éndra wus manjing jro puri, ing kaèndran adi, Hyang Wisnu wus kondur.

12. Angêdhaton anèng têpêt suci, alam kang kinaot, nikmat baé iku salawasé, sing sapa wruh sandining Hyang Widhi, sayêkti yèn bangkit, manggon alam luhung.

13. Sastra jéndra hayuningrat iki, atêgês kinaot, sastra iku têmbung lan swarané, jén puniku atêgês sawiji, dra: bawana yêkti, sumêbar déné yu.

14. Kaslamêtan rat têgêsirèki, jagad kang kinaot, iku glagating kaanan kabèh, kawitaning kang sahadad jati, sanyata sayêkti, langgêng uripipun.

15. Têmbung sadad têgêsé kang yêkti, nuduhkên mrih wêroh, urip kudu méruhi mring daté, dad wuntêlak lan dad maha suci, kaping tri kang suci, dad kang maha luhur.

16. Duk nalika Hyang Éndra nampani, sasmita kang kaot, saking Sang Hyang Guru wêwarahé, kabèh urip yèn wus nguningani, wahana kang yêkti, sayêkti rahayu.

17. Ayuningrat slamêt uripnèki, sabarang kinaot, sastra cêtha wus kacakup kabèh, sastra cêtha wus tan mindho kardi, paham marang gaib, mardikèngrat luhung.

18. Kang mangkana musthikaning janmi, sarjana kinaot, wus tan samar marang lêlakoné, wruh ing osik pangandika yêkti, nèng rahsa sajati, têtêpé Hyang Agung.

19. Mula para naréndra sru mingit, tan kêna kêbrojol, mung pandhita kang gêntur tapané, iku lamun antuk sihing Widhi, nugraha sajati, iku pasthi mêngku.

20. Lamun datan kanugrahan jati, tinarimèng Manon, pan kasiku tuk walak uripé, mèt kawruhé jawata linuwih, kang tan madal sumbi, kanyataanipun.

21. Kèh godhané ing saari – ari, rêncana kang katon, karya jugar sabarang panggawé, pama wiji sinêbar nèng wukir, lêmah padhas garing, paran goné thukul.

22. Yêkti mati sirna tanpa dadi, iku isbating wong, kabèh janma kang dudu bênêré, anampani sihing maha suci, dèn dumukna kongsi, jêglug bathukipun.

23. Mangsa dadak wêruha ing gaib, rasané tan kraos, mula babar wêjangan aglahèng, nganggêp rèmèh tuduhé sang rêsi, dilalah wus takdir, wong cilaka muput,

24. Duk Hyang Guru bantah lan Sang Rêsi, Nurada kang kaot, buka kawruh gaib kang linuwéh, Hyang Pramèsthi sor titih kang ngèlmi, anulya nimbali, sagung para sunu.

25. Myang pra déwa nayaka tan kari, sadaya wus caos, Hyang Pramèsthi dhawuh nocokaké, kabèh kawruh ywa kongsi pradondi, sangkan parannèki, cocogna kang rujuk.

26. Kang ingaran ngèlmu kang sajati, ywa nganti tan jumboh, lah rungokna iki kayaktèné, ingkang tuwa cahya banjur gêni, bantala lan angin, samodra kang kantun.

27. Aturira Hyang Kanéka Siwi, punika tan cocog, yèn makatên sayêkti badhéné, mangran dhatêng kaanan kang kèksi, cilaka yèn manjing, mring téja kêkuwung .

28. Tatkalané awang – uwung misih, ing panawanging ngong, sampun wontên suwara yêktiné, kadi gêntha kêkêlèng kapyarsi, kagyat Hyang Pramèsthi, mundhut jablasipun.

29. Hyang Nurada mêdharkên kang ngèlmi, pukulun sang kaot, pan sagunging kaanan yêktiné, ngèsthi dhatêng kasantosan nênggih, déné sêksi mursit, manungsa pukulun.

30. Wit jagadé manungsa puniki, yêkti datan kaot, lawan jagad kang dèn ambah kiyé, mila tuduhipun guru mami, cahya dèrèng lair, swara wus kêprungu.

31. Yèku gêntha kêkêlèng wus muni, makatên kang yêktos, swara iku nyawa sajatiné, gêntha iku kontha kang sêjati, kontha samar wingit, élok jatinipun.

32. Ėlok iku sajatining gaib, gaibing Hyang Manon, yèku nganggo sasandha dadiné, nyatanira tan rupa tan warni, yèn ngandika nênggih, tanpa lésan muhung.

33. Bawa aganda tan grana yêkti, muhung munya kaot, pirsa tanpa nétra sajatiné, muhung waskitha yèn mirêng nênggih, tanpa karna yêkti, muhung wisésagung.

34. Yèn angraos tanpa rahsa yêkti, pan muhung pangraos, kosok wangsul punika yêktiné, purwanira ana iku saking, ora têgêsnèki, witing lair iku.

35. Saking batin witing ramé saking, ênêng kang sayêktos, witing gumlar sing suwung yêktiné, nanging sampun ngantos salah dalih, babasaning ngèlmi, ngidhêp swara iku.

36. Mangran marang kumandhang wosnèki, sirik kang mangrêtos, yèn nampika lan milih yêktiné, lamun nampik punapa ing bénjing, kang ginêlar sami, anuli ginulung.

37. Yèn miliha punapa durung wrin, sadaya kang katon, kaanané sangking gaib kabèh, sampun ngantos korup lir cah cilik, ngurubana nuli, cêkap atur ulun.

38. Bab dunungé pangèsthi sajati, iku dèn waspaos, titi tamat Hyang Nurada turé, sukèng driya Hyang Jagad Pramèsthi, myarsa sorahnèki, nyêngkut datan mungkur.

PUPUH VI PANGKUR

1. Wau ta Hyang Jagad Nata, sanalika rumaosing Pangèsthi, ing batin sêdya agayuh, nglêluri lêlakonnya, Hyang Atma mangratoni manungsa sagung, ingkang asma Hyang At Hama, yèku Nabi Adam nguni.

2. Hyang Guru aris ngandika, mring pra déwa myang sagung para siwi, padha usula ing rêmbug, nyatané kawruh mulya, Hyang Basuki wotsari alon umatur, inggih lêrês dhawuh tuwan, mêlêng dununging pangèsthi.

3. Kang pinurwa dèrèng nyata,caritané duk Déwi Rukmawati, hyang kang murba gaib iku, nguni amurwèng gita, nur rohkyati têgês cahya urip iku, gya murwa sir catur warna, bumi gêni angin warih.

4. Dadya ananing manungsa, dhingin gêni dadi napsu sayêkti, martandhani cahya catur, bang irêng kuning séta, pindho bumi dadi badan kasar iku, mratandhani cahya papat, sungsum balung daging kulit.

5. Tri angin kaanan napas, dumunungé uga kawan prakawis, lésan grana nétra iku, ping paté anèng anèng karna, gantya banyu kaananing roh puniku, kang muni ing jitabsara, asrar lawan roh jasmani.

6. Pindho roh kéwani ika, roh nabati caturé roh nurani, kèndêl wau aturipun, Hyang Basuki wotsêkar, gya Bathara Panyarikan nêmbah matur, dhuh pukulun yèn kawula, wontén pêcahipun malih.

7. Wontên pasêmoning suksma, pralambangé winor kalawan gaib, nèng sastra catur swarèku, a o i rê uninya, myang carakan nglêgêna sabacutipun, iya kang ha na ca ra ka, lan pasanganipun sami.

8. Wijangipun ha punika, angka papat pasangan sa puniki, wijining manungsa tuhu,saking patang prakara, ba dèncêrêg uniné bali puniku, wa kang nganggo pasangan da, wit da katingal sayêkti.

9. Déné pa dèncêrêg ngandhap, darbé karêp aja antara singgih, ha na ca ra ka puniku, iku têgês kongkonan, balik ka ra ca na ha têgês iku, iya pacuping neng lèsan, da ta sa wa la puniki.

10. Dat kang katandha ing swara, yèn dènwalik salawasé puniki, pa dha ja ya nya puniku, ubaling pancadriya, rêbut unggul nya ya ja dha pa puniku, tan pêgat pangidhêpira, ma ga ba tha nga puniki.

11. Aran sarira pêthékan, yèn dènwalik nga tha ba ga ma singgih, ngondha satata puniku, awit antaranira, kang pinurwa wontên manungsa satuhu,bab pasangan tan winêdhar, wus kapacak duk ing nguni.

12. Nèng layang panca prabawa, gantya Sang Hyang Éndra pamanggihnèki, panthênging cipta puniku, riningkês catur warna, ênêng – êning awas éling pan wus cukup, dumadining madi ika, saking kantha warna ênggih.

13. Ambu rahsa kapatira, pangracuté si rahsa ambu warni, lan kontha wangsul dumunung, mring nukat gaib ika, pan ingaran warih prawitadi iku, ingkang warih tata darma, gantya Hyang Wisnu turnèki.

14. Marang Hyang Jagad Pratingkah, pamanggihnya Hyang Éndra lan pra rêsi, punika lêrês sadarum, prakawis panggêlarnya, pangringkêsé sayêkti yèn masih luput, margi asaling manungsa, saking hèb tumurun dadi.

15. Cahya sumunar sajuga, wujud agni nur Alah lawan malih, angin rubiyah puniku, tiga toya sirolah, kapatipun bumi datolah puniku, dumunung ing jasad kita, ruh kita lan gêsang mami.

16. Mawas ing panca purwanda, kêmpalipun kawula lawan gusti, wus nir ing sakalihipun, liru rupa tan samar, liru ênggon kalihé wus datan klèru, ulêng nèng jroning hèb ika, wus langgêng salawasnèki.

17. Têlas Hyang Wisnu aturnya, Hyang Pramèsthi langkung sukaning galih, miwah Hyang Kanéka Sunu, langkung marwata suta, wit Hyang Wisnu condhong lan panêmunipun, mung sagung para jawata, ngrasa wus bênêr kang ngèlmi.

18. Samana sami bubaran, Sang Hyang Guru kondur lan para siwi, myang sagung para déwagung, bêdhol marang Kayangan, titi tamat surasané srat linuhung, sastra jéndra hayuningrat, myang sastra cêtha wus ênting.

19. Wus jumênêng mardikèngrat, marma para sarjana kang mumpuni, angréka prêlambang baut, pasêmon kang sinamar, têmbung asma Allah tan sing ilahiku, tanpa atêr – atêr barang, mundhak sulaya ing pikir.

20. Mung kudu sinêbut Allah, wit dad sipat asma apêngal nênggih, sabên dad nèng sipatipun, sabên sipat nèng asma, sabên asma yêkti nèng apêngalipun, tumêka satus tridasa, marga dèn basakkên nênggih.

21. Nora jaman tanpa mangan, têgêsipun tan arah tan wismèki, tanpa kondha warna iku,nirgonda rasasmara, sipat élok nora wadon datan kakung,lan tan wandu pêrlambangnya, pan kadya ngisor puniki.

22. Kombang angajab ing tawang, jro martabat latakyun ingkang muni, wit lan akaananipun,yaiku nyataning dad, tanpa tuwuh nyrambahi ing gêsangipun, nênggih uripnya priyangga, gantya patsal kaping kalih.

23. Kusuma hanjrah ing tawang, gih punika kayuning kang tohjali, tajalining dad satuhu, wit iku kasorotan, purbaning dad sajati pêrlambangipun, kusuma hanjrah ing tawang, kasêbut martabat muni.

24. Takyun awal wit sanyata, ananira ganti patsal kaping tri, tunjung tanpa têlagèku, yèku nur kang minangka, tohjalining kayu dadi sasondha gung, ya sasandhaning ngagêsang, awit kasorotan saking.

25. Iya wisésaning asma, kang sajati déné pêrlambangnèki, tunjung tanpa têlagèku, têgêsé sêkar tara, ya taraté urip ora anganggo banyu, mila ing dalêm martabat, pan sinêbut kayun sani.

26. Déné ta sampun sanyata, ing kaananira kang takyun sani, punika ing têgêsipun, ping pindho ing nyatanya, gantya patsal kang kaping pat gancaripun, isiné kang wuluh wungwang, punika sajatining sir.

27. Tohjalining nur punika, kasorotan saking ing wisèsaning, pranawa sajati iku, dèn pêrlambangi ika, isinira wuluh wungwang têgêsipun, mapan botên kawistara, sining wuluh wungwang singgih.

28. Mula ing dalêm martabat, pan sinêbut lapalé takyun akir, akyan sabitah puniku, hèh babo dèn waspada, urip iku lawas – lawas banjur lampus, mangka tan wruh sangkan paran, dununging kawula Gusti.

29. Lan dunungé uripira, pasthi durung wêruh ingkang nguripi, kang dhêlog – dhêlog nèng ngayun, uripé tanpa jiwa, rina wêngi nèng ngarsané nora wêruh, andèkpun alangak – langak, kaya putra dwarawati.

30. Bêranyak lir Radèn Samba, kêthok godhèg alisira dènkêrik, yèn lumaku adol bagus, nanging ina pikirnya, mripat picak wurung wruh mring pangranipun, yèn mati tan paé kéwan, luwung kéwan dagingnèki.

31. Ėnak kalal yèn dènpangan, balik bathanging janma kang tan ngèlmi, bosok koklok anglir kuwuk, gandané bêlarungan, karya gigu warisé dhéwé tan arus,wêdi nyêdhak nora tahan, béda patiné wong ngèlmi.

32. Gandané sêdhêp tur datan, amêdèni marang kang para waris, marga duk urip wis tutur, kalamun arsa pêjah, ping pindhoné bisa wruh ing asalipun, misah kulit daging êrah, myang balungé sirna sami.

33. Padha bali dadi cahya, jroning kubur kothong tan isi jisim, mangkana janma pinunjul, wikan ing sangkan paran, wruh uripé mangéran dad maha luhur, bisa ngêrèh jantung manah, wruh jiwa kang durung nitis.

34. Sarta bisa liru lambang, ganti jiwa saking tuwajuh yêkti, pangrèhé saking tuwakup, wêruh sakèh drubiksa, bisa nyipta kang sinêdya bisa rawuh, mangkana janma utama, tuman tumanêm ing sêpi.

35. Wruh marang sêmuning suksma, gonah marang pangéran maha suci, kulina dad maha luhur, mêngku kang asma warna, têtêp dadi wêwayanganing Hyang Agung, iya ingsun iya suksma, ya pangéran iya mami.

36. Mangkana janma katrima, uripira mung suka kang pinanggih, patiné kramaté agung, turuné manggih arja, titi tamat ping tri dasa sura nuju, alip angkaning kang warsa, mantri papat ngèsthi aji.